PEMUDA LAN PENDIDIKAN
PEMUDA LAN PENDIDIKAN
Dening:
Ruly Ningsih
disampaikan dalam lomba pidato bahasa Jawa
tingkat desa Siraman pada 9 Desember 2016
Juara III Horee... memori orang jawa tidak tahu bahasa jawa....
"Kekuatan Nekad"
Assalamualaikum.Wr.Wb.
Puji
syukur tansah kunjuk dhumateng Gusti ingkang moho Agung. Awit katresnanipun, sampun paring wekdal
dumateng kulo panjenengan sami pepanggihan ing wekdal punika kanthi sehat wal
afiat, tanpa kirang sak tunggal ing bab.
Ingkang
kawulo hormati, Bapak dan Ibu dewan juri, wonten ing wekdal punika kawulo badhe
ngaturaken sesorah kanthi irah-irahan “Pemuda lan Pendidikan”.
Sakniki kita gesang wonten negara merdeka. Mboten
wonten perang nglawan penjajah. Ananging, mboten berarti kita mandheg
anggenipun berjuang. Kita selaku pemuda lan warga negara gadhah tanggungjawab
ingkang langkung abot, anggenipun mecah lingkaran setan. Tantangan pergaulan adik-adik kawulo langkung
abot. HP, PS, “kotak nakal lan ajaib”
ingkang namine tivi, lan sak panunggalanipun dados tantangan ingkang mboten
enteng. Kondisi mekaten, nopo ingkang
saged dipun lakoni pemuda kangge nderek mecahken persoalan menika?
Rencang-rencang pemuda pemudi wonten ing Siraman II, sampun
mlampah 1 tahun luwih 4 wulan ngawontenaken kegiatan rutin saben dinten minggu,
inggih punika kegiatan ngaji kagem adik-adik.
Kegiatan menika dipun prakarsai dumateng pemuda pemudi ing lingkungan
Siraman II. Kathah sarana lan
prasarana ingkang dereng wonten, buku ngaji, lan sak panunggalanipun. Inisiatif pemuda, rencang-rencang pasang
papan informasi bab kebutuhan ngaji wonten ing facebook. Enten donatur ingkang kerso paring iqro lan
al-quran ingkang saged kangge ngaji adik-adik.
saking conto menika, inti ingkang kawula aturaken inggih punika bab
peran pemuda ngawontenaken pendidikan ing masyarakat. Pemuda sinau organisasi lan sinau rasa wigati
dhumateng kondisi masyarakat.
Pemuda menika sinten? Pemuda miturut undang-undang
nomer 40 tahun 2009 inggih puniko wargo negoro ingkang umur 16 ngantos 30
tahun. Pemuda gadhah potensi ingkang
langkung inggil amargi tasih timur, saenggo obahing jiwa, rasa, karsanipun
langkung cancut. Pemuda mboten saged
tumindak piyambak anggenipun ngrintis perubahan ing masyarakat. Ananging, pemuda mboten saged gerak
piyambak. Pemuda butuh dukungan moral
saking pihak-pihak terutama perangkat desa selaku pemangku jabatan ing desa
siraman. Urie Brofenbrenner nggagas yen
manungsa mboten saged dipisahke kaliyan wonten pundi piyambake gesang. Yen peran pemuda mboten didukung keluarga,
masyarakat, utamanipun perangkat desa selaku pemangku jabatan gerakipun pemuda
mboten lancar.
Pendidikan salah satunggalipun perkawis
ingkang wigati kagem mbangun Negara. Pramila kita kedah seimbang antarane nuntut
ilmu lan nularake ilmu. Yen piyambake
dewe sampun ngertos, paring pangertosan kaliyan ingkang dereng mangertos. Mekaten, ingkang kados punika dados modal utama kagem ngawujudake
harapan kita mbangun Negara ingkang langkung sae.
Kintenipun cekap semanten ingkang saged
kawula aturaken, kabecikan asalipun saking Allah, lan nyuwun pangapunten mbok
bilih wonten klenta – klentu atur kula ingkang kirang pas wonten manahipun
panjenengan sami anggenipun kula aturaken menika.
Mugio Allah tetep maringi barakah kagem kita sedaya. Akhirul kalam,,,
Wassalamualaikum. Wr. Wb.
Komentar
Posting Komentar